Selasa, 26 Agustus 2014

Pidato Bhs. Daerah

U  Teks Pidato
السلام عليكم ورحمة الله وبركا ته
Dhumateng kanca-kanca SMP N 2 Pare lan para sederek ingkang kula kurmati. Alhamdulillarirobil allamin kita aturaken dhumateng Gusti Allah Subhanahu Wata’ala Ingkang Maha Agung, dene Allah sampun paring rahmat, nikmat lan kelonggaran dhumateng kita sedaya. Sahingga kita saged ngrawuhi acara kerja bakti ing sekolahan kita niki kelawan sehat wal’afiat. Kula ing mriki mboten kesupen ngucapaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun ngrawuhi acara menika.
Kanca-kanca lan para sederek ingkang kula kurmati.

Kita sampun nyumerepi pepatah ingkang unine “Resik sebagian saking Iman”. Mila kita ingkang bertaqwa dhumateng Gusti Allah supados njagi keresikan ing lingkungan kita. Saktuggalipun sekolahan kita yaiku SMP N 2 Pare ingkang kita tresnani. Kita ing mriki badhe nindaaken acara kerja bakti supados sekolahan kita niki dados papan ingkang resik, rapi lan sae. Awit katah bencana ingkang dipunsebabaken saking lingkungan ingkang kirang resik, contonipun kebanjiran lan penyakit. Mila kita ing mriki kempal-kempal badhe kerja bakti ngresiki sekolahan kita niki.
Kanca-kanca lan para sederek ingkang kula kurmati.
Katah tiang ingkang remen kaleh papan ingkang resik, rapi lan sae. Amargi lingkunganipun papan menika sampun dijagi keresikanipun. Supados tiang-tiang remen kaleh sekolah kita, kita sedaya supados njagi keresikan ing sekolah kita niki kelawan kerja bakti. Kita kerja bakti mboten namung nyapu-nyapu latar lan kelas kemawon, tapi kalehan mbucal uwuh ing panggonanipun inggih punika panggonan uwuh, ngresiki bangku lan kursi saking coretan-coretan, lsp. Sahingga sekolahan kita niki dados papan kangge sinau ingkang sekeco. Amargi menawi kita kapingin sinau ingkang sekeco, papan kangge sinau niku supados resik, rapi lan sae.
Kanca-kanca lan para sederek ingkang kula kurmati.
Awit saking kegiatan-kegiatan kaya dene kerja bakti niki supados dilakoni terus-terusan. Lan mboten namung lingkungan sekolah kemawon ingkang kedah resik, nanging lingkungan liyane supados resik kabeh. Amargi reresik niku gadah manfaat dhumateng kita sedaya. Inggih punika kesehatan kita terjagi saking penyakit-penyakit.
Cekap sementen pidato saking kula. Mbokbilih wonten bab-bab ingkang kirang nyenengaken, kula namung saged nyuwun samodra pangaksami.
Maturnuwun

والسلام عليكم ورحمة الله وبركا ته

Tidak ada komentar:

Posting Komentar